Dening :
Dr Purwadi, SS M.Hum.

Ketua LOKANTARA, Lembaga Olah Kajian Nusantara.
Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta.
Hp 087864404347

A. Medhar Wulang Wuruk.

Babad Kraton Surakarta saestu paring pepadhang. Pengetan hadeging Karaton Surakarta Hadiningrat dhawah dinten Setu Pon, 17 Sura 2023. Mapan ing sasana handrawina kanthi wilujengan jenang Sura. Ingkang ndherek para pangageng, sentana dalah abdi dalem.

Wulangan wejangan wedharan. Babad Sala mratelakaken bilih Karaton Surakarta Hadiningrat dipun lenggahi wiwit tanggal 17 Sura utawi 20 Pebruari 1745. Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ngelih kedhaton saking Kartasura. Dhatulaya kabangun dangunipun 9 tahun. Siti kapundhut saking Ki Gedhe Sala tahun 1736. Rancangan pindhah kedhaton kapenggalih nalika Sinuwun Paku Buwana II ngangsu kawruh ing negari manca negara.

Gusti Raden Mas Prabasuyasa asma timur Sinuwun Paku Buwana II. Tahun 1724 tedhak ing Negeri Eropa. Sinau tata kota ing Negeri Inggris, Perancis, Jerman, Nedherlan lan Spanyol. Kitha kitha ing tlatah Eropa saestu endah tumata. Prayogi menawi dipun tuladha ing tanah Jawi. GRM Prabasuyasa ugi ngudi seserapan ing Bagdad, Mekkah, Medinah, Mesir lan Turki. Ing pangangkah mersudi reh pangawikan agami.

Kanjeng Sinuwun Amangkurat Jawi surut ing kasedan jati. GRM Prabasuyasa minangka pangeran pati wenang nglintir keprabon. Tahun 1726 GRM Prabasuyasa jumeneng nata ing Mataram Kartasura. Jejuluk Sahandap Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sri Susuhunan Paku Buwana II Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Khalufahtullah Sayiddin Panetep Panatagama Ingkang Jumeneng ing Negari Mataram.

Narendra gung binathara mbahu dhendha nyakrawati, ber budi bawa laksana, ambek adil paramarta, memayu hayuning bawana. Negara Mataram sangsaya arum kuncara ngejayeng Jagad raya. Saestu negari ingkang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.

Jaman kencana rukmi. Para kawula ayem tentrem, murah sandhang pangan papan. Negari Mataram winastan gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, ampuh kawibawane. Mila Sinuwun Paku Buwana II ugi sinebat Sinuwun Kombul.

Hadeging Kraton Surakarta sinengkuyung sentana saking Kadipaten Kudus, Lamongan, Ponorogo, Kebumen lan Pekalongan. Prameswari Sri Susuhunan Amangkurat Jawi asma Kanjeng Ratu Kencana, putri Bupati Kudus. GRM Prabasuyasa ndherek kang Ibu ing Kudus saperlu sinau kawasan industri. Uba rampe material pisungsung saking sentana Kudus. Jamak limrah amargi Kudus dados papan pengembangan industri. Semen, wesi, waja, kawat lan piranti bangunan cekap sumbangan sentana Kudus. Hadeging kedhaton adhedhasar pentungan ingkang gumathok.

B. Hadeging Kedhaton

Sejarahipun para nata ing tanah Jawi marisi kautaman. Garwa Prameswari Sinuwun Paku Buwana II asma Kanjeng Ratu Mas. Putri Pangeran Purbaya Bupati Lamongan. Kanjeng Ratu Mas kagungan kebon jati ing tlatah Pati, Cepu, Bojonegoro lan Tuban. Malah ngasta komisaris pelabuhan Tanjung Perak Surabaya lan Pabrik sarem Kalianget Madura. Saged winastan Kanjeng Ratu Mas, putri ingkang ber bandha ber bandhu. Kathah pisungsung sentana Lamongan kagem Kraton Surakarta.

Ponorogo dados punjering pawiyatan. Trah tumerah Kyai Kasan Besari tetungguling ulama dhugdheng. Wayah Ki Ageng Surya Alam ingkang dados mara sepuhipun Adipati Bethara Katong. Rayi Ratu Pembayun Handayaningrat Pengging krama kalian Ratu Pagotan. Rancangan pembangunan karaton Surakarta dipun garap teknokrat Ponorogo. Sami kaliyan Badan Perancang Pembangunan Nasional utawi Bappenas.

Wondene pangarsa pembangunan kedhaton katindakaken dening Tumenggung Hanggawangsa. Ahli bangunan saking Kadipaten Kebumen. Tukang tukang pililih nyambut damel sengkut gumregut. Tumenggung Hanggawangsa minangka kontraktor ingkang saestu mumpuni. Kulina pikantuk order konstruksi ing Tanah Melayu lan Tamasek.
Bangunan Karaton Surakarta kukuh bakuh mrebawa santosa.

Pangeran Wijil saking Demak pinatah minangka juru nujum. Wayah Kanjeng Sunan Kalijaga. Kulina tarak brata. Mrantasi sabarang ngelmu agal alus. Unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Pangeran Wijil ugi kawentar sinebat Ki Ageng Kadilangu.

Pekalongan leluhuripun Pujangga Yasadipura. Ingkang rama asma Adipati Padmanagara Bupati Pekalongan. Tumuli ngasta Bupati Pengging. Hadeging Karaton Surakarta kadhawuhan paring sesorah. Werdinipun babagan wewangunan ingkang magepokan kalian gesang. Wiwit saking gladhag, alun alun ler, pagelaran, kamandungan, kori brajanala, smarakata, marcukundha, sasana sewaka, magangan ngantos alun alun kidul. Bupati Padmanagara nganthi Bagus Songgom utawi Jenal Ngalim.

Pembangunan Karaton Surakarta Hadiningrat sayektos dipun pandhegani jalma limpat seprapat tamat. Ponorogo, Lamongan, Kudus, Kebumen, Demak lan Pekalongan dados papan dunungipun sentana mitayani.

Karaton Surakarta dados punjering kabudayan. Sinuwun Paku Buwana II lenggah ing dhampar rukmi tahun 1745 ngantos 1749. Pahlawan Surakarta ingkang sampun paring warisan arupi kawibawan kawidadan kabagyan miwah kamulyan.

Nut jaman kelakone. Kepareng nglintir keprabon Sinuwun Paku Buwana III ingkang ngrumpaka serat Wiwaha Jarwa. Karaton Surakarta dipun pandhegani dening nata binathara. Kalajengaken jamanipun Sinuwun Paku Buwana III tahun 1749 – 1788. Sinuwun Paku Buwana IV tahun 1788-1820. Sinuwun Paku Buwana V tahun 1820-1823. Sinuwun Paku Buwana VI tahun 1823-1830. Sinuwun Paku Buwana VII tahun 1830 – 1858. Sinuwun Paku Buwana VIII tahun 1858 – 1861. Sinuwun Paku Buwana IX tahun 1861 – 1893. Sinuwun Paku Buwana X tahun 1893 – 1939. Sinuwun Paku Buwana XI tahun 1939 – 1945. Sinuwun Paku Buwana XII tahun 1945 – 2004.

Wilujengan pengetan hadeging Karaton Surakarta Hadiningrat. Kanca Kaji saking Ponorogo sowan kanthi busana brahmana. Abdi dalem mawi busana beskap pethak. Blongkonan, nyamping, kalung samir, stagen, nyengkelit dhuwung. Lenggah lesehan ing bangsal smarakata.

Pangageng sasana wilapa, GKR Wandansari mangarsani tata cara. Medhar sabda pangandika. Sesaji cumepak cumawis. Sedaya kala wau murih rahayu lestari. Kadang abdi dalem saking Pati, Purwodadi, Madiun, Ngawi, Semarang, Wonogiri, Salatiga, Magelang, Boyolali, Klaten, Sragen, Karanganyar, Sukoharjo marak seba. Pacak baris wadya bala lumaris. Enjing bidhal gumuruh saking Surakarta nagri.
Het is mooi weer vandag. Angkasa ketingal resik gumrining.

Sesanti luhur kinarya paugeran. Rum kuncaraning bangsa, dumunung ing luhuring budaya. Kraton Surakarta tansah ngleluri budaya Jawi.